Sabtu, 08 Maret 2014

Cerita Rakyat Jawa

Gathutkaca Gugur
Sang Prabu Duryudana kondur makuwon, lenggah dheleng-dheleng ana luhuring dhampar, suwe ora karsa ngandika. Kang ngadhep para rayi lan mitra srayaning Ngastina, Patih Harya Sangkuni lan ora kari Narpati Basukarna. Pasuryane Sri Duryudana katon surem, kacuan dening kelangan Senopati Agung Maharsi Durna. Anggone sru nalangsa Sang Duryudana dene patine Resi Durna siya-siya tigas jangga mustaka pisah karo anggane.
Harya Dursasana sumela atur marang ingkang raka : “Dhuh, KakaPrabu kadang kula sepuh. Sadinten wau Perang Baratayuda kalebet imbang. Lairipun kathah wadya Pandhawa sirna marga layu sanadyan Bapa Pandhita Durna kapeksa kedah puput yuswa. Dados Paduka Kaka Prabu boten prelu menggalih sanget-sanget jer taksih kathah satriya anung-anung lila legawa dados bebantening yuda. Malah prayogi lamun para prajurit dipunkeparengaken cokeken pakebonan ingkang gadhah kaunggulan gendhing kekawin. Malah menawi paduka keparengan sawatawis inuman waragang inggih kula cawisaken.”
Prabu Duryudana nyondhongi karsaning rayi, kagalih cundhuk lamun lungkrahing bala prelu oleh pituwas pakareman, lumayan kanggo rumeksa gembiraning kawula dasih. Harya Dusasana banjur dhawuh marang para abdi kinen mreneh-mrenehaken papan kanggo uyon-uyon cokekan. Pasugatan unjukan dhedhaharan karakit waradin. Ilang sungkawaning panggalih, Prabu Duryudana ngembuli larih linarihan unjukan dhaharan. Parandene Narpati Basukarna ora kesa ngembuli Sang Prabu, malah kawistara lamun patrap mangkono bakal ngilangake keprayitnan.
Prabu Duryudana keladuk unjukan inuman keras, satengah wuru ngandika marang Narpati Basukarna: “Kakang Adipati, kok kadingaren paduka boten ngombyongi kula mangun suka. Paduka boten prelu kuwatos, taksih kathah bandha donya Ngastina kagem ropyan-ropyan minangka tembusan kula tumbas lalebetan paduka lan para mitra srayaning Ngastina. Kulo boten ijir boten eman donya brana Ngastina pinten-pinten sampun kulo byukaken dhateng Paduka supados Paduka anggolong dhateng Ngastina boten mangro tingal dhumateng rayi Paduka para Pandhawa.”
Kaya katotog jajane Narpati Basukarna midhanget pangandikane Prabu Duryudana. Pancen wong kang katungkul suka-suka mono bisa ngilangake subasita. Dening pakarti satengah wuru Prabu Duryudana keladuk ngandikan semu ngundhamana. During ramoung anggone Basukarna ngamananam penggalih, dumadakan Prabu Duryudana ngandika maneh: “Kakang Adipati, unggul lan kawonipun Ngastina dumunung wonten kepareng Paduka. Upami Ngastina badhe Paduka damel kawon inggih saged, lamun Paduka damel mimpang ugi saged. Purba wasesa kantun wonten Paduka. Menawi kewibawaan ingkang Paduka tampi saking kula taksih kirang, sampun Paduka kawonaken Ngastina lajeng anjalari kaunggulaning Pandawa.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar