Sabtu, 08 Maret 2014

Cerita Rakyat Jawa

Lairipun Raden Gathutkaca

Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamael. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya datheng Raka Prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang pandhawa.
Prabu kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Gegancangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kelajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal-enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jodhipati.
Dumugi ing kasatriyan Jodhipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara. “Dhimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi. Najan iku mung wujud warangka, nanging bisa mrantasi. Mara age tamakna menyang pusering putramu Yayi! Sing waspada ya, Dhi!”
Dupi tampi dhawuhipun ingkang Raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Werkudara boten tidha-tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari-ari musna, warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika,Jlitheng Kakangku! Iki kepriya! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole koe, heeeeee!
Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sedaya lelempahan. Pangandikanipun alon, “Sareh, sareh, Yayi! Pun Kakang ora maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirengna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wus dadi kersaning Jawata. Wus ginaris Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, serta iku dadi sipat kandele. Nanging wanti-wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbesuk lamun ana curiga nyupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”
Pangandikanipun Sri Bathara Kresna adamel cumeplongipun Raden Werkudara dalah kadang Pandhawa sedaya. Kala semanten Jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara-gara punika. Saking keparengipun Jawata, jabang bayi dipunampil dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundandosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundandosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.
Ing salajengipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani Prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak-abrik Kahyangan Jonggringsaloka. Raden Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala Pracona dalah patih Kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wadyabalanipun sami bubar mawut.
Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Werkudara lan Dewi Arimbi. Sadaya para Pandhawa dalan Prabu Sri Bathara Kresna sami suka-suka lajeng bojana andrawina.










Tidak ada komentar:

Posting Komentar